Kamis, 09 Februari 2017

Makalah bahasa jawa "Upacara adat tedhak siten"






BAB 1
PURWAKA


           A.Latar belakang

               Jaman sakiki, karagaman budaya ing Indonesia akeh sing wis berkembang, sanadyan iku budaya sing wis ana ket biyen. Nanging, perkembangane ora ninggalake aturan sing ana. Antarane tradhisi sing maneka warna kuwi bakal dirembug salah sijine upacara adat ing Jawa yaiku sing biyasane disebut Tedhak Siti. Upacara iki dilaksanakake kanggo anak sing enggal mudhun lemah lan wis diarep – arepake marang wong tuwa sarta para kaluwargane amarga upacara adat iki bisa menehi weruh marang kita bakat lan minate anake.
               Upacara Tedhak Siti sing dilaksanakake karo masyarakat jawa iku ana rong versi.Ingkang kapisan yaiku upacara Tedhak Siti sing dilaksanakake kanthi ritual sing lengkap,biyasane dilaksanakake ing daerah keraton utawa daerah-daerah sing ana ing sakalilinge keraton.Amarga keraton iku sumber lan pusate bahasa,kabudayaan,lan liya-liyane sing ana kaitane karo budaya Jawa.Upacara iku butuhake biaya sing gede amarga akeh parlengkapan sing digunakake.Kaping kaloro yaiku upacara Tedhak Siti sing dilaksanakake kanthi sederhana,biyasane dilaksanakake ing daerah-daerah sing adoh marang keraton.Upacara sing kaloro iki luwih sederhana saenggah biaya sing dibutuhake iku ora gedhe.Senadyan,ing dasare upacara iku padha wae. Nanging, sejatine iku padha wae, lan iku uga klebu budaya Jawa.


B.Rumusan Masalah

Adhedhasar gambaran sing ana ing latar belakang, iku dadi pokok pamasalahan sing ana ing panyusunan makalah iki yaiku :
                          1. Apa pangertene upacara Tedhak siti?
                          2. Apa syarat - syarat sing kudu ana ing upacara Siti Tedhak?
                          3. Kepriya carane upacara Tedha Siti?
                          4. Kepriye warga masyarakat menehi makna upacara Tedhak Siti?
 
 
 
               C.Tujuan

               Tujuan saking panyusunan makalah upacara Tedhak Siti yaiku supaya bisa weruh pangertene upacara 
Tedhak Siti,supaya weruh tata cara palaksanakake upacara Tedhak Siti,lan supaya weruh kepriye pendapate
 masyarakat menawi makna ipun upacara Tedhak Siti
        


D.Manfaat
 
               Manfaat saking panyusunan iki kapareng dadi loro,yaiku :
1.     Manfaat Teoritis utawa Akademis
               Kanggo pambuat utawa panyusun, makalah iki uga salah sijine sarana sing digawe latihan,proses
 pambelajaran,lan media informasi utawa ilmu pengetahuan sarta menehi weruh sing bener kepriye kepriye 
pelaksanakake upacara Tedhak siti kuwi.
               Kanggo pambaca utawa pandengar,makalah iki uga digawe langkah wiwitan latihan,nambah 
wawasan ingkang pentinge pelaksanakake upacara Tedhak Siti lan kepriye para masyarakat menehi maknane.
               Panyusunan makalah iki uga menehi manfaat marang masyarakat supaya luwih merhatikake lan peduli
 karo budaya warisan leluhur.Saengga kalesterian saking upacara Tedhak Siti bisa terjaga senadyan
 parkembangan saking ilmu pangetahuan lan teknologi kuwi berkembang kanthi cepet adhedhasar parkembangan
 jaman sakiki.  
                              
 
 
 
2.     Manfaat Praktis / Fragmatis
               Kanggo masyarakat,makalah iki diharapkake bisa menehi bahan pamikiran supaya bisa ningkatake 
pangetahuan wawasan masyarakat,saengga masyarakat bisa nglestarekake budaya kuwi.









BAB 2
PAMBAHASAN




2.1Pangerten Tedhak Siten

  1. Tedhak Siten utawa Tedhak Siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan.Upacara iki ing dhaerah liya ing Nuswantara uga ana,contohne sing diarani upacara injak tanah ing dhaerah Jakarta dening suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.
  2. Tedhak Siten iku asale saka tembung tedhak utawa idak lan siten ( saka tembung siti ) utawa lemah ( bumi ).Upacara iki kanggo perlambang bocah sing wis siyap napaki kahuripan liwat tuntunan wong tuwa lan dilaksanakake yen umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina ( 7 X 35 = 245 ).





2.2 Tujuan Upacara Tedhak Siten

Mulabukane upacara tedhak siten amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yen lemah kuwi nduweni makna ghoib lan dijaga dening Bathara Kala.Kanggo nyegah kadadeyan sing ora becik,mula dianakake upacara ngenalake putra-putrine marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah.Anggone nglakoni upacara iki,luwih becik miturut weton.




2.3  Piranti Kanggo Upacara Tedhak Siten

Piranti kanggo upacara Tedhak Siten kayata :

  1. Pengaron sing diisi kembang setaman
  2. Kurungan,kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciyut.
  3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip,manungsa duwe kawajiban nggolek kayata :
·         Pari sabengket
·         Kapuk sabengket
·         Piranti nulis
·         Bokor kang diisi beras kuning
·         Werna-werna jinis dhuwit
·         Priasan
  1. Klasa sing isih anyar,kanggo lemek ing njero kurungan
  2. Bakaran pitik,kang nggambarake pedhoman uripe anak
  3. Andha tebu “ REJUNA”,yaiku tebu sing wernane ungu utawa ireng kang nggamabarake undhak-undhakane urip sing arep dilakoni anak
  4. Jadah pitung werna,yaiku abang,putih,ireng,kuning,biru,ungu,lan jambon.Tegese kanggo ngelingakeanak yen urip kudu waspada saka werna-wernae panggodha.
  5. Bancakan,kayata sega gudhangan sing didumake marang para tamu sing rawuh.



2.4 Rantaman Urutan Upacara Tedhak Siten
           
Rantaman urutan upacara Tedhak Siten,kayata :

  1. Tedhak Jadah Pitung Warna

Tedhak jadah pitung warna yaiku bocah cilik mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna sing direwangi ngidak dening ibu,jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng ,iku kabeh pralambang dene urip iku ora gampang ngaing kabeh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

td menginjak tanah dilapisi plastik

  1. Munggah Andha Tebu Arjuna

Munggah andha tebu arjuna yaiku bocah kang dituntun munggah mudhun saka andha arjuna sing maknane supaya bocah mau duwe watak kaya arjuna kang watake satria lan tanggung jawab,seneng nglakokake kabecikan,nulungi wong,mbela kabecikan,lan ngabekti mring negara.Ing adat Jawa tebu iku singkatane saka antebing kalbu kang artine supaya bocah mau jalanake uripe kang mantep lan tekad sing kuwat.

td naik 7 anak tangga tebu arjuna

  1. Ceker – ceker

Kagyatan sakwise mudhun saka andha tebu lan bocah mau dituntun neng lemah.Nemg lemah iku bocah mau dolanan lemah nganggo sikile sing maknane luru panganan.Mengkone bocah mau sakwise dadi gedhe bisa nguripi awake dhewe.

td menginjak jadah 7 warna
  1. Mlebu Kurungan

Bocah mau dilebokake ing kurungan kang wis dihias janur lan kertas werna-werna.Yen bocahe ora gelam melbu ing kurungan,ibu lan bapake bisa ngancani bocah mau.Ing njero kurungan wis ana isine.Isine yaiku pari sabangket,priasan,jadah 7 warna,piranti nulis,dhuwit,lan sapanunggalane sampe bocah mau njupuk salah siji piranti.Piranti sing dijupuk bocah mau nglambangke mbesuk sawise wis gedhe.Tuladhane bocah mau njupuk buku kang artine bocah mau mbesuke dadi wong pinter.Kurungan nglambangake donya,bocah mau melbu dunya sing arep dilakoni.

td dalam kurungan      td mengambil barang stetoskop dan tasbih


  1. Sebar Udhik-Udhik

Dhuwit receh kang dicampur kambang-kembang utawa beras kuning disebarake lan para undangan mundhuti dhuwit mau sing disebar sing maknane bocah mau sawise gedhe bisa dadi wong kang derma,seneng nulungi wong liya.

td sebar uang recehan dan beras kuning


  1. Siraman

Bocah kang wis nglakokake urutan adicara mau diadusi nganggo banyu kembang kang artine bocah mau bisa ngluhurake kaluwargane.Sarampunge siraman,bocah mau didandani nganggo klambi sing apik lan resik sing maknane supaya bocah mau duwe urip sing apik lan gawe kaluwargane mongkog.

td mandi air kembang


Kesimpulan


Tedhak siten yaiku salah sawijine bentuk upacara adat sing sampe sak iki uga ana lan dilaksanakake mring masyarakat Jawa.Senadyan wis ngalami pangubahan lan perkembangan,nanging ora ninggalake aturan-aturan sing ana,tata cara lan sarana parasaranane. Tedhak Siten iku asale saka tembung tedhak utawa idak lan siten ( saka tembung siti ) utawa lemah ( bumi ).Upacara iki kanggo perlambang bocah sing wis siyap napaki kahuripan liwat tuntunan wong tuwa lan dilaksanakake yen umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina ( 7 X 35 = 245 ).




Kritikan

Kami penyusun uga bakal menehi kritikan mring masyarakat supaya nglestarekake upacara adat Tedhak Siten ing dhaerah-dhaerahe dhewe-dhewe.Senadyan iku wis dipengaruhi karo perkembangan ilmu pengetahuan lan terknologi sarta budaya saking negara liyane kita kudu bareng-bareng nglestarekake.Ojo sampe upacara adat Tedhak Siten kuwi ilang utawa luntur.
           




Saran

Ing masyarakat Jawa iki,uga akeh karagaman budaya.Salah sawijine yaiku upacara Tedhak Siten sing sampe sak iki uga ana ing pirang-pirang dhaerah.Semesthine,kita uga masyarakat lan pemerintah kudu ngupayakake supaya upacara Tedhak Siten tetep lestari lan weruh apa,kapan lan kepriye upacara adat Tedhak Siten kuwi.


Daftar Pustaka

KLKPD Bahasa Jawa kelas XI semester ganjil tahun ajaran 2016/2017, hlm.19-21, dijupuk dina Kamis,27 Oktober 2016 wayah 19.00 WIB.
https://asmara132.files.wordpress.com/2012/01/isbd-adat.doc, dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.38 WIB.

https://dwikahenny24.wordpress.com/, dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.46 WIB.

Koentjaraningrat, Ritus Peralihan, hlm. 103, dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.20 WIB.

Linus Suryadi AG, Regol Megal Megol: Fenomena Kosmogoni Jawa (Yogyakarta: Andi Offset, 1993),hlm 10 ,dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.20 WIB.

Sutrisno Sastro Utomo, Upacara Daur…, hlm. 21, dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.20 WIB.

Sutrisno Sastro Utomo, Upacara Daur Hidup Adat Jawa (Semarang: Effhar Offset, 2005), hlm. 21,dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.20 WIB.

Sutrisno Sastro Utomo, Upacara Daur ..., hlm. 102, dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.20 WIB.


Sutrisno Sastro Utomo, Upacara Daur ..., hlm. 107, dijupuk dina  Senin,19 Oktober 2015 wa 14.20 WIB.

Sutrisno Sastro Utomo, Upacara Daur ..., hlm. 109, dijupuk dina Senin,19 0ktober 2015 pukul 14.20 WIB.

Sutrisno Sastro Utomo,Upacara Daur ...,hlm. 110. Bdk. Wawancara penulis, hlm. 7-8 ,dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 pukul 14.20 WIB.


 





1 komentar: