BAB 1
PURWAKA
A.Latar belakang
Jaman
sakiki, karagaman budaya ing Indonesia akeh sing wis berkembang, sanadyan iku
budaya sing wis ana ket biyen. Nanging, perkembangane ora ninggalake aturan
sing ana. Antarane tradhisi sing maneka warna kuwi bakal dirembug salah sijine
upacara adat ing Jawa yaiku sing biyasane disebut Tedhak Siti. Upacara iki
dilaksanakake kanggo anak sing enggal mudhun lemah lan wis diarep – arepake
marang wong tuwa sarta para kaluwargane amarga upacara adat iki bisa menehi
weruh marang kita bakat lan minate anake.
Upacara Tedhak Siti sing
dilaksanakake karo masyarakat jawa iku ana rong versi.Ingkang kapisan yaiku
upacara Tedhak Siti sing dilaksanakake kanthi ritual sing lengkap,biyasane
dilaksanakake ing daerah keraton utawa daerah-daerah sing ana ing sakalilinge
keraton.Amarga keraton iku sumber lan pusate bahasa,kabudayaan,lan liya-liyane
sing ana kaitane karo budaya Jawa.Upacara iku butuhake biaya sing gede amarga
akeh parlengkapan sing digunakake.Kaping kaloro yaiku upacara Tedhak Siti sing
dilaksanakake kanthi sederhana,biyasane dilaksanakake ing daerah-daerah sing
adoh marang keraton.Upacara sing kaloro iki luwih sederhana saenggah biaya sing
dibutuhake iku ora gedhe.Senadyan,ing dasare upacara iku padha wae.
Nanging, sejatine iku padha wae, lan iku uga klebu budaya Jawa.
B.Rumusan
Masalah
Adhedhasar
gambaran sing ana ing latar belakang, iku dadi pokok pamasalahan sing ana ing
panyusunan makalah iki yaiku :
1. Apa pangertene upacara Tedhak siti?
2. Apa syarat - syarat sing kudu ana ing upacara Siti Tedhak?
3. Kepriya carane upacara Tedha Siti?
4. Kepriye warga masyarakat menehi makna upacara Tedhak Siti?
C.Tujuan
Tujuan saking panyusunan makalah upacara Tedhak Siti yaiku supaya bisa weruh pangertene upacara
Tedhak Siti,supaya weruh tata cara palaksanakake upacara Tedhak Siti,lan supaya weruh kepriye pendapate
masyarakat menawi makna ipun upacara Tedhak Siti
D.Manfaat
Manfaat saking panyusunan iki kapareng dadi loro,yaiku :
1. Manfaat Teoritis utawa Akademis
Kanggo pambuat utawa panyusun, makalah iki uga salah sijine sarana sing digawe latihan,proses
pambelajaran,lan media informasi utawa ilmu pengetahuan sarta menehi weruh sing bener kepriye kepriye
pelaksanakake upacara Tedhak siti kuwi.
Kanggo pambaca utawa pandengar,makalah iki uga digawe langkah wiwitan latihan,nambah
wawasan ingkang pentinge pelaksanakake upacara Tedhak Siti lan kepriye para masyarakat menehi maknane.
Panyusunan makalah iki uga menehi manfaat marang masyarakat supaya luwih merhatikake lan peduli
karo budaya warisan leluhur.Saengga kalesterian saking upacara Tedhak Siti bisa terjaga senadyan
parkembangan saking ilmu pangetahuan lan teknologi kuwi berkembang kanthi cepet adhedhasar parkembangan
jaman sakiki.
2. Manfaat Praktis / Fragmatis
Kanggo masyarakat,makalah iki diharapkake bisa menehi bahan pamikiran supaya bisa ningkatake
pangetahuan wawasan masyarakat,saengga masyarakat bisa nglestarekake budaya kuwi.
BAB
2
PAMBAHASAN
2.1Pangerten Tedhak Siten
- Tedhak Siten utawa Tedhak Siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan.Upacara iki ing dhaerah liya ing Nuswantara uga ana,contohne sing diarani upacara injak tanah ing dhaerah Jakarta dening suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.
- Tedhak Siten iku asale saka tembung tedhak utawa idak lan siten ( saka tembung siti ) utawa lemah ( bumi ).Upacara iki kanggo perlambang bocah sing wis siyap napaki kahuripan liwat tuntunan wong tuwa lan dilaksanakake yen umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina ( 7 X 35 = 245 ).
2.2 Tujuan
Upacara Tedhak Siten
Mulabukane
upacara tedhak siten amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yen lemah kuwi
nduweni makna ghoib lan dijaga dening Bathara Kala.Kanggo nyegah kadadeyan sing
ora becik,mula dianakake upacara ngenalake putra-putrine marang Bathara Kala
minangka sing njaga lemah.Anggone nglakoni upacara iki,luwih becik miturut
weton.
2.3 Piranti Kanggo Upacara Tedhak Siten
Piranti kanggo
upacara Tedhak Siten kayata :
- Pengaron sing diisi kembang setaman
- Kurungan,kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciyut.
- Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip,manungsa duwe kawajiban nggolek kayata :
·
Pari sabengket
·
Kapuk sabengket
·
Piranti nulis
·
Bokor kang
diisi beras kuning
·
Werna-werna
jinis dhuwit
·
Priasan
- Klasa sing isih anyar,kanggo lemek ing njero kurungan
- Bakaran pitik,kang nggambarake pedhoman uripe anak
- Andha tebu “ REJUNA”,yaiku tebu sing wernane ungu utawa ireng kang nggamabarake undhak-undhakane urip sing arep dilakoni anak
- Jadah pitung werna,yaiku abang,putih,ireng,kuning,biru,ungu,lan jambon.Tegese kanggo ngelingakeanak yen urip kudu waspada saka werna-wernae panggodha.
- Bancakan,kayata sega gudhangan sing didumake marang para tamu sing rawuh.
2.4 Rantaman Urutan Upacara Tedhak
Siten
Rantaman urutan
upacara Tedhak Siten,kayata :
- Tedhak Jadah Pitung Warna
Tedhak jadah
pitung warna yaiku bocah cilik mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna sing
direwangi ngidak dening ibu,jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna
sing peteng ,iku kabeh pralambang dene urip iku ora gampang ngaing kabeh
alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju
kamulyan lan kasantosan.

- Munggah Andha Tebu Arjuna
Munggah andha
tebu arjuna yaiku bocah kang dituntun munggah mudhun saka andha arjuna sing
maknane supaya bocah mau duwe watak kaya arjuna kang watake satria lan tanggung
jawab,seneng nglakokake kabecikan,nulungi wong,mbela kabecikan,lan ngabekti mring
negara.Ing adat Jawa tebu iku singkatane saka antebing kalbu kang artine supaya
bocah mau jalanake uripe kang mantep lan tekad sing kuwat.

- Ceker – ceker
Kagyatan sakwise
mudhun saka andha tebu lan bocah mau dituntun neng lemah.Nemg lemah iku bocah
mau dolanan lemah nganggo sikile sing maknane luru panganan.Mengkone bocah mau
sakwise dadi gedhe bisa nguripi awake dhewe.

- Mlebu Kurungan
Bocah mau dilebokake
ing kurungan kang wis dihias janur lan kertas werna-werna.Yen bocahe ora gelam
melbu ing kurungan,ibu lan bapake bisa ngancani bocah mau.Ing njero kurungan
wis ana isine.Isine yaiku pari sabangket,priasan,jadah 7 warna,piranti
nulis,dhuwit,lan sapanunggalane sampe bocah mau njupuk salah siji
piranti.Piranti sing dijupuk bocah mau nglambangke mbesuk sawise wis
gedhe.Tuladhane bocah mau njupuk buku kang artine bocah mau mbesuke dadi wong
pinter.Kurungan nglambangake donya,bocah mau melbu dunya sing arep dilakoni.


- Sebar Udhik-Udhik
Dhuwit receh
kang dicampur kambang-kembang utawa beras kuning disebarake lan para undangan
mundhuti dhuwit mau sing disebar sing maknane bocah mau sawise gedhe bisa dadi
wong kang derma,seneng nulungi wong liya.

- Siraman
Bocah kang wis
nglakokake urutan adicara mau diadusi nganggo banyu kembang kang artine bocah
mau bisa ngluhurake kaluwargane.Sarampunge siraman,bocah mau didandani nganggo
klambi sing apik lan resik sing maknane supaya bocah mau duwe urip sing apik
lan gawe kaluwargane mongkog.

Kesimpulan
Tedhak siten yaiku salah sawijine bentuk upacara adat sing
sampe sak iki uga ana lan dilaksanakake mring masyarakat Jawa.Senadyan wis
ngalami pangubahan lan perkembangan,nanging ora ninggalake aturan-aturan sing
ana,tata cara lan sarana parasaranane. Tedhak Siten
iku asale saka tembung tedhak utawa idak lan siten ( saka tembung siti ) utawa
lemah ( bumi ).Upacara iki kanggo perlambang bocah sing wis siyap napaki
kahuripan liwat tuntunan wong tuwa lan dilaksanakake yen umur bocah wis 7
selapan utawa 245 dina ( 7 X 35 = 245 ).
Kritikan
Kami penyusun uga bakal menehi kritikan mring masyarakat
supaya nglestarekake upacara adat Tedhak Siten ing dhaerah-dhaerahe
dhewe-dhewe.Senadyan iku wis dipengaruhi karo perkembangan ilmu pengetahuan lan
terknologi sarta budaya saking negara liyane kita kudu bareng-bareng
nglestarekake.Ojo sampe upacara adat Tedhak Siten kuwi ilang utawa luntur.
Saran
Ing
masyarakat Jawa iki,uga akeh karagaman budaya.Salah sawijine yaiku upacara Tedhak
Siten sing sampe sak iki uga ana ing pirang-pirang dhaerah.Semesthine,kita uga
masyarakat lan pemerintah kudu ngupayakake supaya upacara Tedhak Siten tetep
lestari lan weruh apa,kapan lan kepriye upacara adat Tedhak Siten kuwi.
Daftar Pustaka
KLKPD Bahasa Jawa kelas XI semester ganjil tahun ajaran
2016/2017, hlm.19-21, dijupuk dina Kamis,27 Oktober 2016 wayah 19.00 WIB.
https://asmara132.files.wordpress.com/2012/01/isbd-adat.doc, dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.38
WIB.
https://dwikahenny24.wordpress.com/, dijupuk dina Senin,19
Oktober 2015 wayah 14.46 WIB.
Koentjaraningrat, Ritus Peralihan, hlm. 103, dijupuk dina Senin,19
Oktober 2015 wayah 14.20 WIB.
Linus Suryadi AG, Regol Megal Megol: Fenomena
Kosmogoni Jawa (Yogyakarta: Andi Offset, 1993),hlm 10 ,dijupuk dina Senin,19
Oktober 2015 wayah 14.20 WIB.
Sutrisno Sastro Utomo, Upacara Daur…, hlm. 21,
dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.20 WIB.
Sutrisno Sastro Utomo, Upacara Daur Hidup Adat Jawa (Semarang:
Effhar Offset, 2005), hlm. 21,dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.20
WIB.
Sutrisno Sastro Utomo, Upacara Daur ..., hlm. 102, dijupuk
dina Senin,19 Oktober 2015 wayah 14.20 WIB.
Sutrisno Sastro Utomo, Upacara Daur ..., hlm. 107, dijupuk
dina Senin,19 Oktober 2015 wa 14.20 WIB.
Sutrisno Sastro Utomo, Upacara Daur ..., hlm. 109, dijupuk dina Senin,19
0ktober 2015 pukul 14.20 WIB.
Sutrisno Sastro Utomo,Upacara Daur ...,hlm. 110. Bdk. Wawancara
penulis, hlm. 7-8 ,dijupuk dina Senin,19 Oktober 2015 pukul 14.20 WIB.